Jumat, 31 Agustus 2018

Merti Dusun Duwet II

Warga dusun Duwet II, desa Banjarharjo,kecamatan Kalibawang, kabupaten Kulon Progo, dinten Jemuwah 20 November 2015 sonten nggelar merti dhusun jinangkepan maneka ubarampe ingkang tinata salebeting kathah ancak. Upacara adat iki  kadang diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi. Kridha kasebat ancasipun kangge nglestarikake budaya sarta minangka wujud raos syukur konjuk ngarsaning gusti awit kathahing asil panen, kawilujengan sarta karaharjan ingkang sampun dipun tampi.



Upacara merti dhusun dipun gelar wonten dalemipun Kadus Duwet II kanthi tayuban. Arak-arakan gunungan wulu wetu lumampah regeng miwiti lampahing upacara miwiti merti dhusun. Kanthi ngangge busana adat jawa, atusan warga tumut kirap budaya binarung maneka tetabuhan sarta ingombyong bregada prajurit saya imbuhi regenging swasana. Kirab bidhal saking jembatan gantung Duwet II patilasan Belanda mubeng wewengkon Padhukuhan Duwet II, desa Banjarharjo tumuju dalemipun Kadus Duwet II. Maneka gunungan wulu wedeling bumi dipun bekta tumuju dalemipun kadus duwet II salajengipun warga dedonga sesarengan. Sasampunipun dedonga, warga lajeng kembul bujana. Sekul wuduk lan ingkung ayam dipun dumaken dhateng sedaya warga ingkang tumut upacara merti dhusun nuli dipun dhahar sesarengan. Sesaminipun kembul bujana, warga warga rayahan gunungan.


 

   
Manut Muhammad Kharir minangka panitia merti dusun, upacara merti dhusun dipun tindakaken kanthi turun temurun. Kanthi ngadani kirap budaya lan gunungan, ngarak gunungan asil bumi kaya dene sayur mayor, ketupat lan pantun, pralambang pakaryan baku warga Duwet II ingkang rancakipun petani lan kawentar minangka teleng prodhusen  pantun. Kejawi kirap budaya lan gunungan ugi dipun tindakaken kendhurenan. Sedaya warga ingkang dhateng mbekta jodhang isi maneka uborampe kadosta ingkung, jajanan pasar, sekul gurih, pisang raja lan maneka tetandhen sanesipun dene puncak rerangken merti dhusun inggih kanthi pagelaran ringgit purwa sedalu natas seri Brathayuda kanthi dhalang Ki Seno Nugroho lampahan Karna Tandhing. Kejawi kangge sarana panglipur, pagelaran ringgi purwa menika ugi kangge memetri seni budaya ngiras suka tuladha bab panggesanganing manungsa ingkang kebak perkawis ingkang kedah ingudharan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar